Dudu Amarga Mampu, Nanging Amarga Bisa: Wejangan KH Mahmud Sing Nyentuh Ati
"Menawi tiyang nandur kabecikan, mila kabecikan ugi badhe dipun tampi. Kosok baline, menawi nandur awon, mesthi badhe ngundhuh akibatipun"

Pacitan,JBM.co.id-KH Mahmud, pendakwah ingkang ugi njabat dados Inspektur Inspektorat ing Pacitan, ngaturaken wejangan ingkang ngemu piwulang gesang nalika dinten Rebo, 25 Februari 2026.
Ing pitedahipun, piyambakipun ngendika, “Memberi amarga bisa, dudu amarga mampu. Sebab sing mampu durung mesthi bisa menehi. Urip iku kaya pangilon, apa sing kok wenehake, kuwi uga sing bakal bali marang awakmu.”
Miturut KH Mahmud, teges saking paribasan punika nggambaraken bilih laku derma lan tetulung boten namung gumantung saking kathah setunggalipun bandha utawi kadonyan, nanging langkung dhateng niyat lan kersaning manah. Kathah tiyang ingkang kagungan kabisan lan kasugihan, nanging dereng mesthi kagungan kekiyatan batin kanggé paring.
Piyambakipun ugi negesaken bilih gesang punika wonten hukum timbal balik. Menawi tiyang nandur kabecikan, mila kabecikan ugi badhe dipun tampi. Kosok baline, menawi nandur awon, mesthi badhe ngundhuh akibatipun. Awit saking punika, KH Mahmud ngajak masyarakat supados mbudidaya laku tulus lan ikhlas ing saben dinten.
Piwulang punika pikantuk panggatosan saking masyarakat amargi dipun raosaken trep kaliyan kahanan gesang sapunika, ingkang asring ngukur kabecikan saking materi. Kanthi pesen prasaja nanging jero maknanipun, KH Mahmud ngelingaken bilih reganing urip sejatosipun wonten ing apa ingkang saged kita paringaken dhateng sesami.(Red/yun).




