Pitutur Pendakwah KH Mahmud: Rezeki Ora Mung Duit, Nanging Uga Sehat lan Tentreming Ati
"Mula aja gampang iri karo uripe wong liya. Bisa wae sing kita iri-iirikan kuwi atine ora tentrem kaya awake dhewe"

Pacitan,JBM.co.id-Pendakwah KH Mahmud ngandharake pitutur kang nyentuh ati babagan makna rezeki lan rasa syukur ing urip saben dinane. Miturut panjenengane, akeh wong sing kerep salah ngukur rezeki amarga mung dideleng saka jumlah dhuwit sing ana ing dompet.
“Yen awake dhewe mung ngukur rezeki saka piro dhuwit sing ana ing dompet, mesthi wae rasane bakal terus kurang. Nanging yen rezeki diukur saka nikmat sehat, ati sing tentrem, nduweni kulawarga, lan bisa turu kanthi nyenyak, mesthi urip bakal krasa cukup,” ujare KH Mahmud, Selasa (17/3/2026).
Panjenengane uga ngelingake supaya masyarakat ora gampang mbandhing-bandingake uripe karo wong liya. Amarga kebiasaan kasebut kerep ndadekake wong lali marang nikmat sing wis diparingake dening Gusti Allah.
“Kadang awake dhewe iki kesusu ndelok uripe wong liya. Sibuk mbandhingake apa sing diduweni wong liya karo awake dhewe, nganti lali yen nikmat sing kita tampa kuwi sejatine uga akeh banget,” tambah panjenengane.
KH Mahmud nerangake yen apa sing katon apik saka njaba durung mesthi nggambarake kahanan sing saktenane. Wong sing katon sugih utawa sukses durung mesthi nduweni ketenangan ati kaya sing dikira wong liya.
“Mula aja gampang iri karo uripe wong liya. Bisa wae sing kita iri-iirikan kuwi atine ora tentrem kaya awake dhewe. Sing penting yaiku sinau syukur marang apa sing wis diparingake dening Gusti Allah,” teges panjenengane.
Kanthi pitutur kasebut, KH Mahmud ngajak umat supaya luwih akeh muhasabah lan nguatake rasa syukur. Amarga kanthi rasa syukur, urip bakal luwih tentrem lan ora gampang kegoda karo bandingan urip wong liya.
Pitutur iki uga dadi pangeling yen rezeki sejati ora mung bab materi, nanging uga kesehatan, kulawarga, lan ketentreman ati sing kerep dilalekake dening manungsa.(Red/yun).




