Ambal Warsa Pacitan Dadi Momentum Ngluhuraken Budaya lan Nguwataken Karakter
"Kamulyanipun praja boten namung saking pembangunan fisik, nanging langkung wigati saking keluhuran budaya lan kekiyatan karakter masyarakatipun"

Pacitan,JBM.co.id-Pengetan Ambal Warsa Adegipun Praja Kabupaten Pacitan kalampahan kanthi khidmat lan kebak greget ing Pendhapi Kabupaten. Acara punika dados wekdal kangge ngelingi sejarah madegipun praja, saha ngukuhaken tekad majeng bebarengan.
Bupati Kabupaten Pacitan, Indrata Nur Bayu Aji, ingkang kagungan gelar Kanjeng Raden Tumenggung Indrata Nur Bayu Aji Reksonagoro, ngendika bilih Ambal Warsa taun menika ngusung sesanti “Binraja Ing Kamulyan”. Sesanti punika nggambaraken pangajeng-ajeng supados Pacitan dados praja ingkang tata tentrem kerta raharja, bagya mulya lahir saha batin.
“Kamulyanipun praja boten namung saking pembangunan fisik, nanging langkung wigati saking keluhuran budaya lan kekiyatan karakter masyarakatipun,” ngendikanipun wonten ing ngarsaning para tamu undangan, Kamis (19/2/2026).
Ing babagan kabudayan, Pamkab Pacitan pikantuk pikukuh Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) saking Pemerintah Pusat. Sapérangan tradhisi lan kesenian lokal kaserat dados warisan budaya, dados bukti bilih budaya Pacitan taksih lestari lan dipun akoni. Bupati ngaturaken bilih kabudayan menika boten namung dados tontonan, nanging ugi dados tuntunan lan jati diri masyarakat.
Saliyane punika, Pemerintah Kabupaten ugi ngiyataken sektor pendidikan lumantar program Integrasi Madrasah Diniyah (Madin) ing sekolah formal ingkang misuwur kanthi aran “Sekolah Sak Ngajine”. Program menika dipun ancasaken kangge mbentuk generasi enom ingkang boten namung pinter akademik, nanging ugi sae budi pekerti lan kuwat akhlakipun.
Bupati ugi ngajak sedaya unsur masyarakat, pemerintah, ulama, akademisi, pelaku usaha, saha warga, supados tansah guyub rukun mbangun Pacitan. Miturut panjenenganipun, potensi kados pariwisata, pertanian, perikanan, lan ekonomi kreatif kedah dipun kelola kanthi inovatif lan berkelanjutan supados saged ningkataken kesejahteraan warga.
Pengetan Ambal Warsa menika kaajab dados momentum ngukuhaken semangat gotong royong, ngreksa budaya, lan ngiyataken spiritualitas. Kanthi semangat Pacitan Binraja Ing Kamulyan, Kabupaten Pacitan optimistis saged majeng lan ngrembaka selaras kaliyan nilai-nilai luhur warisan leluhur.(Red/yun).




