BeritaDaerahKeagamaanPemerintahanPendidikanSosial

KH Mahmud Sampaikan Dawuh Gus Baha: Nguri-uri Sholat Subuh, Kunci Slamet Donya Akhirat

"Menawi Subuhipun tansah dipunuri-uri, punika pratandha badhé slamet saking neraka"

Pacitan, JBM.co.id-Pendakwah ingkang ugi dados Inspektur wonten Inspektorat Pacitan, KH Mahmud, nyampèkaké dawuhipun ulama kharismatik Gus Baha babagan pentinge nguri-uri sholat Subuh. Pesen menika dipunaturaken minangka pangeling-eling tumrap umat Islam supados langkung disiplin lan istiqamah ing ibadah.

KH Mahmud ngendika bilih sholat Subuh punika dados tandha slameté tiyang saking siksa neraka.

“Menawi Subuhipun tansah dipunuri-uri, punika pratandha badhé slamet saking neraka. Menawi Subuhipun mboten nate ketinggalan, Allah badhé ngreksa saking sedaya arah. Menawi Subuhipun dipunwiwiti kaliyan sunnah, mesthi donya lan sak isinipun saged dipunraih,” mekaten dawuh ingkang dipunaturaken, Senin (2/3/2026).

KH Mahmud nerangaken bilih sholat Subuh punika salah satunggaling ibadah ingkang abot, amargi wekdalipun enjing sanget nalika kathah tiyang taksih tilem. Nanging, justru saking abotipun punika, Subuh dados ukuran kesungguhan iman lan ketaatan.

Tiyang ingkang saged nglawan rasa kesed lan milih tangi kanggé sholat, punika nuduhaken bilih piyambakipun langkung ngedepanké panggilanipun Allah tinimbang kepentingan donya.

Ngutip dawuhipun Gus Baha, KH Mahmud ugi negesaken bilih tiyang ingkang mboten nate nilar sholat Subuh badhé pikantuk pangreksan saking Allah. Pangreksan menika boten namung saking bebaya lahir, nanging ugi saking tumindak maksiat lan perkawis ingkang saged nyeret dhateng keburukan.

Salajengipun, menawi sholat Subuh dipunwiwiti kaliyan sholat sunnah kalih rakaat, ganjaranipun langkung ageng. Ing kathah riwayat dipunsebataken bilih kalih rakaat sunnah Subuh langkung sae tinimbang donya lan sak isinipun. Tegesipun, keberkahan gesang boten namung kapanggih saking bandha, nanging saking cedhak kaliyan Gusti Allah.

Pangeling-eling Kangge Masyarakat
Ing jaman samenika ingkang kebak gangguan lan kesibukan, kathah tiyang asring kesrakat tur telat tangi. Lumantar pesen menika, KH Mahmud ngajak masyarakat Pacitan supados damel sholat Subuh dados pondasi pangowahan diri.

“Miwiti saking Subuh, insyaAllah sholat sanesipun ugi badhé langkung terjaga,” ngendikanipun.

Pesen menika dados pangeling bilih kasuksesan sejati boten namung diukur saking drajat lan bandha, nanging saking keistiqamahan njaga hubungan kaliyan Gusti Allah, ingkang saged dipunwiwiti saking sholat Subuh.(Red/yun).

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button