Pendakwah KH Mahmud: Sing Iso Apik Marang Wong Sing Gawe Ala, Kuwi Tandha Wong Luhur
"Ajaran iki selaras karo tuntunan akhlak para ulama lan para nabi, sing ngajari umat supaya ora gampang mbales ala nganggo ala"

Pacitan, JBM.co.id-Pendakwah kondang, KH Mahmud, nyampaikan pitutur kebak makna babagan akhlak lan cara wong mukmin ngadhepi tumindake wong liya.
Panjenengane nerangake menawa tumindak becik marang wong sing wis becik marang awake dhewe kuwi sejatine perkara sing lumrah.
“Berbuat baik kepada orang yang berbuat baik kepada kita, wong fasik uga iso nindakake kuwi,” terang KH Mahmud, Senin (16/3/2026).
Nanging, miturut KH Mahmud, ukuran keluhuran budi pekerti sing sejati katon nalika wong tetep bisa nindakake kabecikan marang wong sing tau nglarani utawa tumindak ala marang dheweke.
“Sing istimewa kuwi nalika kita iso tetep apik marang wong sing tau gawe ala marang kita. Kuwi tandhane wong sing nduweni keluhuran akhlak,” ujare.
KH Mahmud uga ngelingake yen ajaran iki selaras karo tuntunan akhlak para ulama lan para nabi, sing ngajari umat supaya ora gampang mbales ala nganggo ala. Nanging, wong beriman diajari supaya mbales ala nganggo kabecikan.
Miturute, sikap kaya ngono ora mung nggawe ati dadi luwih tentrem, nanging uga dadi jalan kanggo nglunakke ati wong liya sing sadurunge tumindak ala.
Ing pungkasane, KH Mahmud ngajak masyarakat supaya terus nglatih diri supaya ora gampang kebawa emosi.
“Yen wong iso mbales ala nganggo kabecikan, insyaAllah derajate bakal diangkat dening Gusti Allah,” pungkas KH Mahmud.
Pesan moral kasebut dadi pengingat menawa keluhuran akhlak ora mung diukur saka kepinteran ngomong bab agama, nanging saka kemampuan nindakake kabecikan, sanajan marang wong sing tau nyakiti. (Red/yun).




