Pendakwah KH Mahmud Ajak Jamaah Nglakoni Ikhlas lan Tetep Apik Senajan Ora Katon
"Kadang meneng iku wujud perhatian sing paling dhuwur. Ora kabeh rasa kudu diucapake, lan ora kabeh tumindak kudu dipertontonake"

Pacitan,JBM.co.id-Pendakwah kondhang, KH Mahmud ngandharake pentinge tumindak becik kanthi ati sing resik lan ora ngarep-arep pujian saka manungsa.
Pendakwah seng ugi njabat Inspektur, ing Inspektorat Pacitan iku ngendika bilih “Nglakoni kabecikan kuwi ora kudu katon, lan nresnani ora kudu tansah cedhak.” Miturut panjenengane, kathah tiyang sing kepengin diapresiasi saben nindakake kabecikan. Nanging sejatiné, kabecikan sing paling luhur iku kang dilakoni kanthi meneng, tanpa pamrih lan tanpa pamer.
Panjenengane nerangake, kadang meneng iku wujud perhatian sing paling dhuwur. Ora kabeh rasa kudu diucapake, lan ora kabeh tumindak kudu dipertontonake. “Yen ora diajeni, tetep ayem. Yen dilalekake, tetep ndedonga,” ngendikane, Ahad (1/3/2026).
KH Mahmud uga ngelingake bilih Gusti Allah mboten nate kesupen marang apa wae sing kasimpen ing njero ati manungsa. Sanadyan wong liya ora weruh perjuangan lan pangorbanan umate, Gusti Allah mesthi mirsani lan maringi ganjaran sing luwih becik.
Ing pungkasan, panjenengane negesake bilih ikhlas iku pancen endah, sanajan ora tansah gampang dilakoni. Ikhlas mbutuhake latihan batin, kesabaran, lan kapercayan yen saben kabecikan, sekecil apa wae, mesthi ana balasane saka Gusti Allah.
Pesan babagan ikhlas lan ketulusan kasebut diarep-arep saged dados pangeling-eling tumrap masyarakat supaya tetep ngugemi kabecikan ing saben kahanan.(Red/yun).




