Papat Dzikir Kang Paling Dipun Tresnani Allah: Pitutur Iman Kang Ngluhuraké Ati
"Papat dzikir punika dados pondasi kekiyatan batin tumrap saben warga PSHT lan umat Islam sadaya"

Pacitan,JBM.co.id-Sekretaris Cabang Persaudaraan Setia Hati Terate (PSHT) Pacitan, Pusat Madiun, Arif Setia Budi, ngaturaké pawartos rohani ngenani pentingipun ngamalaken papat ucapan ingkang paling dipun tresnani déning Allah SWT.
Pitutur punika kaserat wonten ing hadits riwayat Muslim bin al-Hajjaj (HR. Muslim no. 2137), ingkang nyebataken bilih: “Subhanallah, Alhamdulillah, Laa ilaaha illallah, lan Allahu Akbar. Ora dosa tumrapmu miwiti saking salah satunggaling.”
Miturut Arif Setia Budi, papat dzikir punika dados pondasi kekiyatan batin tumrap saben warga PSHT lan umat Islam sadaya. “Dzikir punika dudu namung ucapan ing lathi, nanging kedah nancep ing manah lan dados perilaku saben dinten. Menawi lathi tansah ngucap Subhanallah, tegesipun kita nyucekaken Allah saking sedaya kekirangan. Menawi ngucap Alhamdulillah, kita sinau syukur lan narima. Laa ilaaha illallah mujudaken tauhid ingkang dados dhasar gesang, dene Allahu Akbar ngelingaken bilih Allah langkung ageng saking sedaya perkawis donya,” ngendikanipun, Ahad (1/3/2026).
Panjenenganipun ugi nerangaken bilih hadits punika maringi kelonggaran, awit boten wonten aturan urutan ingkang kaku. Saged miwiti saking pundi kemawon, awit sedaya sami mulya wonten ngarsanipun Allah SWT. Kahanan punika nedahaken rahmat lan katresnanipun Allah dhateng umatipun, supados tansah gampil ngamalaken kabecikan.
Minangka organisasi pencak silat ingkang ngugemi ajaran budi pekerti lan spiritualitas, PSHT Pacitan Pusat Madiun tansah nyengkuyung warganipun supados boten namung kiyat raga, nanging ugi kiyat jiwa. Dzikir dados sarana ngresiki ati, ngiyataken tekad, lan njagi paseduluran tetep rukun lan tentrem.
Arif Setia Budi nutup pawartos kanthi pangajab bilih papat ucapan punika saged dados wirid saben dinten, utaminipun ing tengahing tantangan jaman modern ingkang kathah godaan. “Mugi kanthi tansah ngamalaken papat dzikir punika, kita sedaya kaparingan katentreman, kaimanan ingkang teguh, lan tansah pinaringan pitedah ing saben lampah gesang,” pungkasanipun.(Red/yun).



