BeritaDaerahKeagamaanPemerintahanPendidikanSosial

KH Mahmud: Tiga Doa Perempuan Sing Bisa Nembus Pitu Lapis Langit

"Anak perempuan punika asring dados sumber kelembutan lan panglipur tumrap bapak"

Pacitan,JBM.co.id- Ing sawijining kesempatan kang kalaksanakake ing dinten Jumat (27/2/2026), KH Mahmud, pendakwah ingkang ugi njabat dados Inspektur wonten ing Inspektorat Pacitan, ngaturaken tausiyah babagan kedahsyatan doa perempuan ing ngarsaning Allah SWT.

KH Mahmud ngendika bilih wonten tigang doa perempuan ingkang gadhah keistimewaan ageng lan saged “nembus pitu lapis langit”.

“Sepisan, doa ibu kangge anakipun. Ibu punika sosok ingkang kebak katresnan lan pangorbanan. Nalika ibu ndedonga kanthi tulus, tanpa pamrih, doa menika gadhah kekiyatan ingkang luar biasa,” ngendikanipun.

Kaping kalih, doa anak perempuan kangge bapakipun. Miturut KH Mahmud, anak perempuan punika asring dados sumber kelembutan lan panglipur tumrap bapak. “Nalika anak wedok ndedongakake bapakipun, mliginipun kanthi ati resik lan bakti, punika dados salah satunggaling doa ingkang cepet diijabahi,” ujare.

Kaping tiga, doa istri kangge garwanipun. Istri ingkang shalihah lan setya, miturut piyambakipun, saged dados panyengkuyung utama tumrap sukses lan slametipun suami, boten namung ing donya nanging ugi ing akhirat.

Ing kesempatan menika, KH Mahmud ugi nyariosaken piwulang saking ulama kondhang, Al Habib Umar Bin Hafidz, ingkang asring ngelingaken bilih kekiyatan doa punika boten namung saking tembung-tembungipun, nanging saking kebersihan ati lan kedekatan kaliyan Allah SWT.

Kanthi tausiyah menika, KH Mahmud ngarep-arep supados para perempuan langkung nyadari peran agengipun wonten ing kulawarga lan masyarakat, mliginipun lumantar doa ingkang tulus lan istiqamah. “Ayo sami njagi shalat, ningkataken ibadah, lan tansah ndedonga kangge kulawarga. Amargi doa perempuan punika saged dados kunci kabecikan lan keselametan,” pungkasanipun.(Red/yun).

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button