BeritaDaerahKeagamaanPemerintahanPendidikanPolitikSosial

Ketua Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Kabupaten Pacitan, Arif Setia Budi: “Jadikan Hati minangka Kanca, Amargi Ati Becik lan Tulus tansah Dipunparingi Pangayoman Gusti”

"Ati ingkang becik dados dhasar tumrap lahire tumindak positif, bebrayan rukun, saha pamarentahan ingkang ngugemi nilai-nilai kejujuran lan tanggung jawab"

Pacitan,JBM.co.id- Ketua Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) Kabupaten Pacitan, Arif Setia Budi, ngaturaken pesen moral kang kebak makna tumrap masyarakat Pacitan. Lumantar sawijining unggahan kanthi tagar #asbndr, piyambakipun nyerat, “Jadikanlah HATI sebagai temanmu, sebab HATI yg BAIK dan TULUS ALLOH selalu MEMBERSAMAI.”

Pesen punika ngemu ajakan supados saben tiyang tansah ngedepaken ati kang resik, tulus, lan kebak keikhlasan sajroning tumindak saben dinten. Miturut Arif Setia Budi, ati ingkang becik dados dhasar tumrap lahire tumindak positif, bebrayan rukun, saha pamarentahan ingkang ngugemi nilai-nilai kejujuran lan tanggung jawab.

Piyambakipun ngandharaken bilih gesang bebrayan boten namung ngudi kapinteran lan kalungguhan, nanging ugi kedah dipun landhesi kaliyan kebeningan ati. “Amargi kanthi ati ingkang tulus, saben keputusan ingkang kapundhut badhe langkung adil lan ngugemi kapentingan masyarakat kathah, ” ngendikane Arif Setia Budi, Senin (2/3/2026).

Pesen spiritual punika ugi ngelingaken bilih Gusti Allah tansah nyarengi saben tiyang ingkang ngugemi kabecikan lan kejujuran.

Minangka pimpinan legislatif ing Pacitan, Arif Setia Budi utawi ingkang asring pun aturi kanthi asmo ASB puniko, ngajak sedaya unsur masyarakat, wiwit aparatur pamarentah, tokoh masyarakat, ngantos generasi enom, supados saged ndadosaken ati minangka panuntun utama.

“Kanthi mekaten, pembangunan daerah boten namung kasil sacara fisik, nanging ugi kasil ngiyataken nilai moral lan spiritual masyarakat,” jlentrehipun.

Lumantar pesen singkat nanging jero maknanipun punika, Ketua DPRD Pacitan ngarep-arep supados Pacitan dados daerah ingkang tentrem, maju, lan kebak berkah, amargi dipun bangun kanthi ati ingkang becik lan tulus.(Red/yun).

 

 

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button