Nafas Dina Iki Isih Dadi Tandha Rezeki Saka Gusti Allah, Dawuh Pangeling KH. Mahmud
"Yen dina iki awakmu isih iso ambegan, kuwi tandhane Gusti Allah isih maringi rezeki lan kesempatan kanggo nerusake urip"

Pacitan,JBM.co.id-Pendakwah KH. Mahmud ngaturaken pitutur sing kebak pangeling marang umat Islam supaya tansah eling lan syukur marang nikmat gesang sing diparingake Gusti Allah. Miturut panjenengane, saben manungsa sing isih diparingi napas ing dina iki tegesé Gusti Allah isih netepake rezeki lan kesempatan kanggo urip luwih becik.
“Yen dina iki awakmu isih iso ambegan, kuwi tandhane Gusti Allah isih maringi rezeki lan kesempatan kanggo nerusake urip. Mula ojo gampang sambat lan ojo nganti putus asa,” dawuh KH. Mahmud, Selasa (10/3/2026).
Panjenengane nerangake yen kahanan urip sing angel kerep ndadekake wong gampang ngeluh. Nanging sejatiné, saben ujian kudu disawang minangka dalan kanggo nguatake iman lan nambah kesabaran.
Miturut KH. Mahmud, wong sing tetep sabar lan milih nindakake kabecikan ing saben kahanan bakal luwih cedhak karo rahmat Allah. “Urip kuwi dilakoni wae kanthi kebak kabecikan. Tulung tinulung marang sesami, njaga ati supaya tetep sabar lan syukur. Amarga rahmat Allah kuwi cedhak banget karo wong sing seneng gawe kabecikan,” ujare.
Panjenengane uga ngajak masyarakat supaya ora gampang nyerah nalika ngadhepi cobaan urip. Saben dina sing diparingake Gusti Allah kudu digunakake kanggo nambah amal lan nindakake perkara sing migunani.
Kanthi pesen spiritual iki, KH. Mahmud ngarepake masyarakat bisa luwih optimistis ngadhepi urip, tetep percaya marang ketentuan Gusti Allah, lan tansah nyebar kabecikan ing tengah-tengah masyarakat.
“Sing penting tetep percaya, Gusti Allah ora nate nilar hamba-Nya sing sabar lan terus gawe kabecikan,” pungkas KH. Mahmud.(Red/yun).




