KH Mahmud Tegaskan, Yen Akeh Dosa Ucapna La ilaha illallah Rumiyin, Boten Langsung Istighfar
"Nguataken tauhid rumiyin punika wigati supados istighfar ingkang dipun aturaken langkung tumata lan sinarengan kaliyan keyakinan ingkang temen"

Pacitan,JBM.co.id-Pendakwah ingkang ugi njabat dados Inspektur ing Inspektorat Pacitan, KH Mahmud, ngaturaken pitutur agami wonten ing dinten Kemis (26/2/2026).
Piyambakipun ngelingaken dhumateng para jamaah bilih manungsa mesthi boten uwal saking dosa lan kalepatan. Mila saking punika, umat Islam kedah enggal-enggal nyuwun pangapunten dhumateng Allah SWT kanthi tata cara ingkang leres.
“Menawi kita kathah dosa, ucapna rumiyin La ilaha illallah lajeng istighfar. Sampun istighfar rumiyin nembe La ilaha illallah,” ngendikanipun KH Mahmud.
Piyambakipun nerangaken bilih La ilaha illallah minangka kalimat tauhid ingkang dados dhasar iman lan dados pangakuan bilih boten wonten sesembahan ingkang pantes kajawi Allah. Sawise manah mantep lan ngukuhaken tauhid, lajeng dipun lanjutaken kanthi istighfar minangka wujud panyuwunan pangapunten dhumateng Gusti Allah.
Miturut KH Mahmud, nguataken tauhid rumiyin punika wigati supados istighfar ingkang dipun aturaken langkung tumata lan sinarengan kaliyan keyakinan ingkang temen.
Piyambakipun ugi ngajak masyarakat Pacitan supados tansah ningkataken dzikir lan eling dhumateng Allah ing saben wekdal, langkung-langkung ing jaman ingkang kathah godaan kados samenika.(Red/yun).




