Penyesalan Paling Gedhé Wong Tuwa: Nalika Kasuksesan Donya Ora Bisa Ngluwari Doa kanggo Wong Tuwa
"Anak sing sukses donya kuwi apik, nanging yen ora nduwé agama, wong tuwa bisa kelangan berkah"

Pacitan,JBM.co.id- Ing sawijining pengajian, dawuh sing kerep diandharake dening ulama kharismatik KH Ahmad Bahauddin Nursalim utawa sing luwih misuwur kanthi jeneng Gus Baha, dadi pangeling-eling tumrap wong tuwa lan para generasi enom.
Panjenengané nate ngendika menawa penyesalan paling gedhé wong tuwa asring muncul nalika wis cedhak karo pati, yaiku nalika wong tuwa nyadari yen anak sing paling dibutuhake sejatiné anak sing sholeh lan sholehah, dudu mung anak sing sukses ing urusan donya.
Pendakwah KH Mahmud, uga maringi ulasan kang jero ngenani makna dawuh kasebut. Miturut panjenengané, akeh wong tuwa sing wiwit saka cilik nganti gedhé luwih fokus nyiapake anak supaya pinter sekolah, nduwé pangkat, lan sugih bandha. Nanging kadang kala wong tuwa lali nandurake iman lan akhlak sing dadi pondasi urip.
“Anak sing sukses donya kuwi apik, nanging yen ora nduwé agama, wong tuwa bisa kelangan berkah. Sebab nalika wong tuwa wis seda, sing bisa terus ngirim doa lan amal jariyah ya mung anak sing sholeh,” terang KH Mahmud nganggo basa sing alus nanging ngena ing ati, Senin (9/3/2026).
Ing pandangane, kasuksesan donya ora mesthi bisa nentremake ati wong tuwa nalika wis sepuh. Akeh wong tuwa sing nduwé anak dokter, pejabat, utawa pengusaha gedhé, nanging yen anaké adoh saka agama lan ora peduli marang wong tuwa, ati wong tuwa tetep kroso sepi.
KH Mahmud seng ugi jabat Inspektur ana ing Inspektorat Pacitan iki, banjur ngelingake yen ing ajaran Islam, anak sholeh iku dadi salah siji amal sing ora bakal pedhot kanggo wong tuwa nalika wis ninggal donya. Doa anak, akhlaké sing apik, lan ibadahé bakal dadi cahya tumrap wong tuwa ing alam kubur.
Mula saka kuwi, panjenengané ngajak para wong tuwa supaya imbang antarane pendidikan donya lan akhirat. Sekolah lan prestasi tetep penting, nanging iman, adab, lan rasa hormat marang wong tuwa kudu dadi prioritas utama.
“Sing paling penting dudu mung anakmu dadi wong gedhé ing donya, nanging anakmu dadi wong sing eling marang Gusti Allah lan tansah ndongakake wong tuwane,” ujare KH Mahmud.
Piwulang iki dadi pangeling-eling tumrap masyarakat, manawa kasuksesan sejati ora mung diukur saka gelar lan bandha, nanging saka iman, akhlak, lan manfaaté kanggo wong tuwa lan umat. Nalika iman wis dadi pondasi, prestasi donya bakal dadi berkah, dudu malah dadi sebab penyesalan.(Red/yun).




