BeritaDaerahKeagamaanPemerintahanPendidikanSosial

Puasa Ramadhan Telung Puluh Dina: Lelakon Taubat Nabi Adam AS sing Nuntun Manungsa marang Cahya Pangapunten

"Puasa dados jembatan antawisipun manungsa lan Gusti Allah. Ing sajroning telung puluh dina punika, manungsa sinau sabar, ikhlas, lan ngendhaleni hawa nepsu"

Pacitan,JBM.co.id- Sasi suci Ramadhan tansah rawuh nggawa hawa tentrem lan pangarep-arep anyar tumrap umat Islam. Puasa sing kalaksanan sajrone telung puluh dina iki dudu namung laku nahan luwe lan ngelak, nanging uga dadi lelampahan batin kanggo ngresiki ati lan nguatake iman.

Miturut penuturan KH Mahmud, pendakwah ing Pacitan sing ugi njabat dados Inspektur Inspektorat Pacitan, puasa Ramadhan telung puluh dina ngemu makna sejarah lan hikmah kang jero. Panjenenganipun nyariosaken bilih leluhur manungsa, yaiku Nabi Adam AS, naté pikantuk paukuman saking Gusti Allah SWT sawisé nglanggar dhawuh-Nya nalika taksih wonten ing swarga.

Nalika semana, Nabi Adam AS kaparingan pepeling supados boten nedha woh khuldi. Nanging amargi kagodha, panjenenganipun nedha woh punika. “Minangka wujud tanggel jawab lan tobat, Nabi Adam AS dipun paringi paukuman lan ngalami pisah saking kanikmatan swarga salebeting tigang dasa dinten,” ngendikane KH. Mahmud, Ahad (22/2/2026).

Saking lelampahan punika, KH Mahmud nerangake bilih puasa Ramadhan ingkang lumampah tigang dasa dinten saged dados pangeling-eling tumrap umat manungsa. “Menawi leluhur kita naté nglampahi mangsa tobat telung puluh dina, umat Islam ugi kaparingi kesempatan saben taun kanggo ngresiki dosa lan nyuwun pangapunten salebeting mangsa sing sami,” jlentrehipun.

Puasa dados jembatan antawisipun manungsa lan Gusti Allah. Ing sajroning telung puluh dina punika, manungsa sinau sabar, ikhlas, lan ngendhaleni hawa nepsu. Luwe lan ngelak dudu pungkasan, nanging wiwitan saka kasucèn jiwa. Saben wektu buka lan sahur dados pangeling bilih gesang punika tansah gumantung dhumateng sih-rahmatipun Gusti.

Kanthi mekaten, Ramadhan boten namung ritual taunan, nanging uga pawiyatan agung kang mulang bab tobat, pangapunten, lan katresnan Ilahi. “Lelakon Nabi Adam AS dados cermin bilih saben kalepatan tansah wonten dalan wangsul, saben dosa tansah wonten lawang pangapunten,” teges KH Mahmud.

Mugi Ramadhan taun menika saged dados mangsa kang nentremake ati, ngresiki jiwa, lan ngiyatake paseduluran. Awit sejatosipun, puasa telung puluh dina punika dudu namung ngétang dinten, nanging ngétang berkah lan pangapunten ing saben tarikan napas gesang.(Red/yun).

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button