BeritaDaerahKeagamaanPemerintahanPendidikanSosial

Pendakwah KH Mahmud: Makna Rong Kabungahan Wong Poso Nalika Nyambut Idul Fitri

"Idul Fitri kedah dados wiwitan kangge dados pribadi ingkang langkung sae, sabar, lan tansah eling dhumateng Gusti"

Pacitan,JBM.co.id-Ing swasana nyedhak dina suci Idul Fitri, pendakwah kondhang KH Mahmud ngaturaken piwulang kang ngemot makna jero tumrap umat Islam, mliginipun wong-wong ingkang sampun nindakaken ibadah poso sajrone wulan Ramadan.

Miturut panjenenganipun, wong sing poso bakal pinaringan kalih kabungahan ageng. Piwulang menika selaras kaliyan dawuhipun Gus Baha, ingkang nyebat bilih kabungahan kapisan punika nalika wekdal berbuka utawi nalika rawuhipun Idul Fitri. Wekdal menika dados pratanda bilih perjuangan nahan hawa nepsu sampun kalampahan kanthi kasil lan kebak berkah.

Salajengipun, kabungahan kaping kalih inggih menika nalika manungsa saged kepanggih kaliyan Gusti Allah SWT. “Kabungahan punika langkung ageng lan langgeng, awit dados ganjaran saking amal ibadah ingkang sampun katindakaken kanthi ikhlas lan istiqomah,” ngendikane KH Mahmud, Jum’at (20/3/2026).

KH Mahmud ugi ngelingaken supados umat Islam boten namung ngraosaken kabungahan lahiriyah nalika riyaya, nanging ugi saged ngreksa kabersihan ati lan nambah iman sawise Ramadan. Idul Fitri kedah dados wiwitan kangge dados pribadi ingkang langkung sae, sabar, lan tansah eling dhumateng Gusti.

Kanthi makaten, makna Idul Fitri boten namung prayaan biasa, nanging ugi dados momen suci kangge nggayuh ridha lan kabungahan sejati, ing donya lan akhirat.(Red/yun).

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button