Niat Bismillah Ing Saben Kegiatan, KH Mahmud: Kabeh Bisa Dados Ibadah
"Nek awak dhewe ora akeh ilmu agama, kuwi ora dadi alangan. Sing penting saben miwiti kegiyatan tansah maca bismillah lan niat ibadah merga Allah"

Pacitan,JBM.co.id-Pendakwah KH Mahmud ngaturaken bilih gesang saben dinten saged dados ladang ibadah menawi dipunwiwiti kanthi niat ingkang sae lan ngucap bismillah. Miturut panjenenganipun, ibadah boten namung winates wonten ing masjid utawi nalika ngaji kemawon, nanging ugi wonten ing saben pakaryan saben dinten.
“Nek awak dhewe ora akeh ilmu agama, kuwi ora dadi alangan. Sing penting saben miwiti kegiyatan tansah maca bismillah lan niat ibadah merga Allah,” ngendika KH Mahmud, Sabtu (27/2/2026).
Panjenenganipun nerangaken bilih dagang wonten ing pasar, nyangkul wonten ing sawah, ngarit suket kangge pakan ternak, ngantos nyambut damel wonten kantor, sedaya saged dipunhitung minangka ibadah. Nanging wonten syarat ingkang prasaja, inggih punika niataken sedaya pakaryan amargi Allah SWT lan kangge kemaslahatan.
KH Mahmud ugi ngelingaken bilih niat punika dados dhasar utama ing saben amal. Menawi niatipun sae, mila pakaryan ingkang katingalipun biasa kemawon saged dados ganjaran pahala. Kosokwangsulipun, menawi boten wonten niat ibadah, pakaryan namung dados rutinitas tanpa nilai akhirat.
“Agama niku paring kemudahan, dudu paring abot. Allah ningali atine lan niate manungsa. Mula ayo padha mbenerake niat saben arep tumindak apa wae,” pitedahipun.
Kanthi piwulang menika, KH Mahmud ngajak umat Islam supados boten misahaken antawisipun urusan donya lan akhirat. Gesang ing donya saged dados dalan tumuju kabegjan akhirat, menawi dipunlampahi kanthi niat ibadah lan tansah eling dhumateng Gusti Allah.
Pitedah menika maringi semangat enggal kangge ngleksanani aktivitas saben dinten kanthi langkung ikhlas lan penuh kesadaran bilih saben tindak tanduk saged dados ibadah.(Red/yun).



