Hakikat Urip lan Kepemilikan: Manungsa Mung Dititipi, Dudu Nduweni
"Kabeh sing ana ing urip manungsa, kayata bandha, jabatan, omah, kendaraan, nganti raga lan nyawa, sejatiné mung titipan saka Gusti Allah"

Pacitan, JBM.co.id-Piwulang babagan hakikat urip lan kepemilikan ing donya kerep disampaikan para ulama kanggo ngelingake manungsa supaya ora kesandhung rasa nduweni marang perkara donya.
Salah siji ungkapan sing kerep dikutip yaiku dawuh saka ulama kondhang Indonesia, Gus Baha, sing ngendika manawa kabeh fasilitas ing donya sejatiné mung hak pakai, dudu hak milik.
Tegese, kabeh sing ana ing urip manungsa, kayata bandha, jabatan, omah, kendaraan, nganti raga lan nyawa, sejatiné mung titipan saka Gusti Allah. Manungsa mung diwènèhi kesempatan kanggo nggunakaké lan njaga kanthi becik.
Pendakwah KH Mahmud nerangaké manawa pemahaman iki penting supaya manungsa nduweni sikap andhap asor lan tanggung jawab ing urip.
“Miturut ajaran Islam, manungsa iku sakjané mung diparingi hak nggunakaké apa sing ana ing donya. Bandha, jabatan, nganti awak lan nyawa kita iki mung titipan saka Allah. Mula sing bener iku rumangsa dititipi, dudu rumangsa nduweni,” terang KH Mahmud, Ahad (8/3/2026).
Panjenengané uga nerangaké manawa yen wong wis nduweni kesadaran yen kabeh mung titipan, mesthi bakal luwih ngati-ati nalika nggunakaké. Bandha bakal dienggo kanggo kabecikan, jabatan dilakoni kanthi amanah, lan awak dijaga supaya ora digunakaké kanggo tumindak ala.
Kajaba kuwi, kesadaran iki uga bisa nuwuhaké sikap zuhud, yaiku ora ngunggulaké urusan donya tinimbang akhirat. Wong sing ngerti yen kabeh mung titipan ora bakal gampang gumunggung nalika nduweni bandha, lan uga ora gampang susah nalika kelangan.
Mula para ulama ngelingaké masyarakat supaya nganggep donya iki mung sarana kanggo ibadah lan gawe kabecikan. Amarga ing pungkasane, kabeh titipan bakal bali marang sing maringi titipan, yaiku Gusti Allah SWT, lan sing sejatiné dadi kagungané manungsa mung amal becik sing digawa nalika bali marang Panjenengané.(Red/yun).



