KH Mahmud: Aja Ngganggu Rejekine Wong Liyo, Kuwi Wis Ana Sing Ngatur
"Urip punika kedah kebak rasa syukur lan nrima. Yen wonten tiyang sanes pikantuk rejeki langkung, aja meri lan aja sengit"

Pacitan,JBM.co.id-“Saben uwong wis nduweni rejeki dhewe-dhewe. Aja nganti awake dhewe nyoba-nyoba motong utawa ngalang-alangi rejekine wong liyo, amarga Allah bisa murka.” Mangkono piwelingipun KH Mahmud, pendakwah ingkang ugi njabat dados Inspektur Inspektorat Pacitan, Sabtu (21/2/2026).
KH Mahmud negesaken bilih rejeki sampun dipun atur dening Allah SWT. Manungsa namung saged ngupadi kanthi cara ingkang sae, jujur, lan mboten nglanggar paugeran agama. Miturut piyambakipun, tumindak sengaja ngalangi usaha utawi rejekine tiyang sanes saged ndadosaken dosa lan murkane Gusti Allah.
“Urip punika kedah kebak rasa syukur lan nrima. Yen wonten tiyang sanes pikantuk rejeki langkung, aja meri lan aja sengit. Nanging kedah dados panyemangat supados awake dhewe langkung sregep lan istiqamah,” ngendikanipun.
Piyambakipun ugi ngelingaken bilih jabatan lan kalenggahan namung titipan. Dados pejabat utawi tokoh masyarakat kedah saged maringi tuladha ingkang sae, mligi ing babagan integritas lan kejujuran. Minangka Inspektur Inspektorat Pacitan, KH Mahmud nyariosaken bilih pengawasan lan tanggung jawab ing pemerintahan ugi kalebet wujud njagi amanah supados mboten wonten tumindak ingkang saged ngrugèkaken tiyang sanes.
Kathah ingkang sarujuk bilih pesen babagan aja motong rejekine wong liyo punika wigati sanget ing jaman sakmenika, nalika persaingan gesang saya ketat.
Kanthi irah-irahan “Aja Ngganggu Rejekine Wong Liyo, Amarga Kabeh Wis Ana Sing Ngatur,” pitutur punika dipunajab saged dados pangeling-eling tumrap masyarakat supados tansah njaga akhlak, tepa selira, lan pitados bilih saben rejeki sampun wonten ukuranipun piyambak-piyambak.(Red/yun).




